Friday 20 March 2015

Contoh Pidato Basa Jawa



Assalamualaikum Wr. Wb

Bapak Ibu ingkang kinurmatan
Lan kanca-kanca ingkang kula tresnani
          Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan sareng-sareng ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kanikmatan lan kesehatan kangge memperingati dinten kamardikan Indonesia utawi 17-an.
          Para rawuh ingkang minulya.
          Wonten ing wanci punika, kita saged ngenang malih perjuangan bangsa Indonesia ngusir penjajah walanda lan para pemudha lan pahlawan ing jaman sakmenika sami toh nyawa kangge mbebaske Indonesia saking panjajah negeri menika ingkang atusan taun dipun jajah dening bangsa asing.
          Mula kangge ngurmati perjuangan, kita sedaya kudu ngisi kamardikan menika kanthi mujudaken tiyang kang berguna kangge nusa lan bangsa.
          Mekaten atur kula minangka pengetan 17 agustusan menika. Mbok bilih wonten atur ingkang mboten nuju prana panjenegan sedaya paring agunging samudra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb




No comments:

Post a Comment